Tata Krama, Ilang ing Ngendi?
Jaman saiki,
Jaman kang wis maju
Bocahe pada pinter-pinter
Nanging apa gunane?
Kabeh wis padha lali
Lali unggah ungguh lan budi pakerti
Nggetak, wani karo wong tuwa
Dikandhani malah mbalela
Urip sak kepenake
Rumangsa dadi wong ampuh dhewe
Opo iki cah..?
Opo iki panuture wong tuwamu
Nduk, le..
Unggah ungguh kudu diuri uri
Inggih pak, bu..
Nanging kowe mblenjani
Oallah..
Ilinga kang rama biyungmu wulangke
Mirengna pangandikane
Turuti apa kang dikarepke
Kekarepane wong tuwa mesti ana becike